Kusuma Wijaya
Linda Adista
4:27Koyo ngene yen nandhang loro asmoro Jroning nolo mangambar arum puspito Dahat rasaku sesandhing marang sliramu Dyah ayu memanike jantungku Kawitan sinawange pasuryan Tansah ginambar ing semune awang Katon endah solah slagane Karereng wredhu bawane Duh kangmas tan kendhatku ngalembono Batin jroning tyas hangidung tresno Yen sinawang gebyare kahanan Biso anut mbungahne angenan Lintang ing tawang kadyo netramu Padange bulan gambarne esemu Sumilire angin gowo tresno Jenengmu kang katut kagowo