Lamunan

Lamunan

Sasya Arkhisna

Альбом: Lamunan
Длительность: 4:20
Год: 2024
Скачать MP3

Текст песни

Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya nrajang telenging ati
Angen-angen tumlawung suwung, suwunging ati
Tansah angranti tekamu, dhuh, Yayi

Wong Bagus, age nyedhaka ing sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lereme rasaku, tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu, Sayangku

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

(Wong Ayu, Wong Ayu) Wong Bagus, Wong Bagus, adhuh
(Music Interactive lo iki) ayo, Pak Glow
Deblong (yo, Dhik Sasya)
Music Interactive, Maska Audio (ayo!)

Wong Bagus, age nyedhaka ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu, dhuh, Sayangku

(Sikat, yo!)

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Yekti sliramu kang dadi lamunan

(Mbak Sasya lo iki, sakna, sakna, ora)