E, Djamune
Waldjinah
5:03Midering rat angelangut Ragil Kuning angupadi Mendrane panji asmoro Kang membo dadi wong tani Sang dyah ayu sru kasmaran Anyawang tegalan sabin Wus namur sang panji Si Enthit kang nami Anenggo tegalan, bindheng pisan Ragil kuning ngerti, datan ngerti Mulane yo ndangu si Enthit kang lagi tunggu Enthit! He eh! kaget aku! Jebul kok kowe toh. Ragil Kuning, Ragil Kuning! Kowe kok ra ketok-ketok ki nyang ngendi cah ayu? Aku wes rindu lho. Cah manis, cah manis! Sing nandur pari kuwi sopo, Enthit? Ragil Kuning, kuwi sing nandur aku cah ayu Kowe arep po? Yen arep pek en kabeh Sukur yen gelem kambi aku sisan, pek en aku! Gemong enthit, aku mung takon wae kok! Enthit! Waduh mateng aku! Ragil kuning, kowe yen nyeluk jenengku ki rasane atiku mak-nyles, mak-nyles! Rak njuk piye? Koyo wong oleh buntutan kae lho! Sing nandur jagung gedhe-gedhe kuwi sopo, Enthit? Sing nandur aku, yo wuk yo Pek en kabeh, yo wuk yo Sing nandur, aku yo wuk yo Pek en kabeh, yo wuk yo Angger dijoli Gemong enthit, aku mung takon wae kok! Enthit! Haha, lha lha lha! Opo cah ayu, opo? Kok pijer nyeluk terus iki, sajak ono roso ki Haha, lha lha lha! Sing nandur timun mblenek-mblenek kuwi sopo, Enthit? Hiyo aku cah ayu Pek en kabeh, yo wuk yo Hiyo aku cah ayu Pek en kabeh, yo wuk yo Angger dijoli Gemong Enthit, aku mung takon wae kok! Enthit! Aduh biyung, aduh biyung! Kowe opo sido gelem tenan toh wuk? Sing nandur kacang dowo dowo kuwi sopo, Enthit? Ah prrt! Bocah kok crigis! Bocah kok crigis lho! Dikandani aku ki, yo aku! Ora Ragil Kuning Kowe gelem po ra ngladeni aku sak sungkeman wae, he? Emoh entit, aku wes ono sing duwe kok! Ah mbok gelem Ah mboh moh Ah mung sitik wae kok Mumpung aku isih gelem lho, cah ayu Yen aku emoh, kojur kowe Yen kowe emoh, raiku tak delehke ngendi coba? Yo selehno kono wae toh, Enthit Opo soal bondo? Yen bondo aku sugih! Opo soal dhuwit? Yen dhuwit, dhuwit ku nganti jamuren kabeh kae lho Yen dhuwit entek, tuku kono! Haha, lha lha lha! Gemong-gemong entit, aku mung takon wae kok Si Entit atine rumongso di ece Nubruk sang putri, diendani Keno cundrik sekti, babar dadi Dyan panji yo bali. Suko reno sak negari