Langgam Kacu Kacu
Waljinah
5:12Kendal kaline wungu Ajar kenal karo aku Lelene mati digepuk Gepuk nganggo walesane Suwe ora pethuk Ati sida remuk Kepethuk mung suwarane Eyae eyae eyae Jangkrik genggong jangkrik genggong Luwih becik omong kosong Semarang kaline banjir Ja sumelang ra dipikir Jangkrik upa saba ning tangga Malumpat ning tengah jogan Wis watake priya jare ngaku setya Tekan ndalan selewengan Eyae eyae eyae Jangkrik genggong jangkrik genggong Wani nglirik sepi uwong Yen ngetan bali ngulon Tiwas edan rak kelakon Yen ngrujak ngrujaka nanas Ojo ditambahi kuweni Kene tiwas nggagas Awak adhem panas Jebul ana sing nduweni Eyae eyae eyae Jangkrik genggong jangkrik genggong Sampun cekap mangsa borong